Selasa, 28 Juni 2016

Asal Usul Desa Gonoharjo Versi Jawa



Asal Usul Desa Gonoharjo

Gek jaman mbiyen desa Gonoharjo awujud alas gung liwang – liwung, sing medeni, rungkut, lan angker. Ora ana pawongan kang wani mlebu ing alas kono.
Sawijineng dina ana pawongan loro kuwi jejuluk Kyai Legi lan Nyai Legi. Pawongan  kasebut kepingin alas sing rungkut dadi papan kang resik lan ora medeni wong – wong. Mula Kyai Legi banjur babat – babat alas murih resik lan padhang alas.
Sakwise resik lan padhang alas kasebut, Kyai lan Nyai legi banjur undang – undang marang wong – wong kabeh. Para warga padha seneng amarga alas sing maune rungkut, medeni, lan angker saiki wis resik, padha lan tumata. Wong – wong padha urip kanthi ayem tentrem ana ing panggonan kono.
Ora let suwe, ana kedadeyan sing nggegirisi. Ing papan kono katekan Gono (naga) lan Harjo (gajah) sing gedhe banget. Wong – wong padha wedi, banjur Kyai Legi lan Nyai Legi sing bisa ngalahake Gono lan Hajo kuwi. Gono lan Hajo mati amarga kalah dening Kyai Legi lan Nyai Legi. Awit saka kuwi papan bekas alas gung liwang – liwung diarani desa Gonoharjo
Nara Sumber = Rosalina

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Mahasiswa KKN UPGRIS Membuat tempat Cuci Tangan Sederhana dan Melakukan Edukasi Cuci Tangan

Virus Covid-19 per 1 Februarai 2021 mencapai 1.089.308 yang menandakan bahwa belum meredanya penyebaran covid-19 di Indonesia. Oleh karena i...